Thursday, 28 April 2016

Gigi palsu

"Masang Untu Palsu"

Dokter: "Mbah, untu sampeyan wis ompong. tak pasang untu sing anyar yo?"
Eyang Kung: "oleh wae,ning regane pira?"
Dokter: "Murah koq mbah, mung rong yuta."
Eyang Kung : "Yo wis, pasangen.larang sithik ra papà."
Sakwise untu dipasang, Eyang Kung mbayar marang dokter.
"Iki Dok, tak kontani, rong yuta!"
Rampung mbayar, Eyang Kung klenuk klenuk mulih. Let sedhela doktere mbengok !!!!
"Mbah........! Mbaaah.........! Kosik.......... mbalika .......!!"
Eyang Kung : "Lha apa to Dok, dhuwite kurang?"
Dokter: "Ora ngono mbah, iki lho duwite sampean palsu kabeh !!"
Eyang Kung: "Lha sing mbok pasang nang cangkemku apa untu asli ? Lak yo padha palsune to?!"

Dokter : "Wong tuwek ediaaannn ....!!!"..😁😁😤😤
😄😃😀

No comments:

Post a Comment